Senin, 27 Maret 2017

UYON-UYON

Tags

Uyon-uyon
A.    Pemahaman Uyon-uyon
1.   Hakikat  Uyon-uyon

KASUSASTRAN KANG TINEMU ING GENDHING

1.     Cakepan yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
2.     Cengkok yaiku lak-luking swara kanggo nglagokake tembang.
3.    Gendhing yaiku lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan.
4.  Gamelan yaiku piranti karawitan kanggo ngiringi tembang, kayata; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp.
5.     Laras yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
6. Titi laras yaiku angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur).
7.     Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
8.     Pedhotan yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
9.     Senggakan yaiku unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing/ pradangga
10.  Swarawati yaiku waranggana, pesindhen, penyanyi putri.
11. Wiraswara yaiku penyanyi kakung.
12. Gerong yaiku tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara/ pradangga.
13.Sindhenan yaiku tetembangan kang dilagokake dening waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan/ lelagoning gendhing.
14.Irama yaiku ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan.
15.Bawa yaiku tembang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
16. Buka yaiku tetabuhan utawa swara kang kanggo bukani gendhing. 
17.  Niyaga, yaiku wong kang panggaweane nabuh gamelan.

LK 1 : LK  Hakikat Gamelan

Cermatilah  berikut ini!
Kawaosa kanthi pratitis!

GAMELAN KARAWITAN

Gb. 1: Gamelan kanggo ngiringi pagelaran wayang kulit


Gamelan iku salah sijining jinis utawa corak gamelan kang urip ing tlatah Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan sebagéyan Jawa Wétan. Musik gamelan Jawa iki béda karo musik gamelan saka dhaérah liya, yèn musik gamelan Jawa umumé nduwé nada luwih lembut lan nganggo témpo luwih alon, béda karo musik gamelan Bali sing témponé luwih cepet, uga gamelan Sundha sing musiké mendayu-dayu lan di-dominasi swara suling. Amarga iku, Gamelan Jawa iku uga kasebut pentatonis. Saprangkat gamelan komplit iku nduwé 2 laras Laras yaiku swara kang ajeg dhuwure, ora owah, kasebut uga nada, sistem nada/ tonal system. Laras Slendro (Sl.) ateges sistem nada kang manut cendhek-dhuwure lan interval saka gamelan slendro, semono uga laras pelog (Pl.). Titi laras yaiku notasi nada kang ditulis manut sistem nada laras lan pathete. Dene pathet (Pt.)yaiku ukuran endhek-dhuwuring laras, minangka wates wilayah nada. Pathet ing laras slendro iku antane, pathet Nem (6), pathet Sanga (9), lan pathet Manyura (Myr). Dene pathet ing laras pelog yaiku, pathet Lima (5), pathet Nem (6), lan pathet Barang (Br.). Kanggo gambaran bab pathet, iki grambyangane:
-          laras slendro: pathet Nem 6-2 (6---5--3--2), tangga nadhane (2-----= 3 5 6 ! @), pathet Sanga 2-5 (@-!-6-=+-5)tangga nadhane (t- y 1 2 3 5), pathet Manyura 3-6 (# @ ! 6), tangga nadhane (y 1 2 3 5 6).
-          laras pelog: pathet Lima tangga nadhane (t y 1 2 4 5), pathet Nem tangga     nadhane (2 3 5 6 ! @), lan pathet Barang tangga nadhane (y u 2 3 5 6).
            Instrumen Gamelan Jawa nduwé aturan-aturan kang pakem, antarané saben piranti nduwé fungsi dhéwé-dhéwé, kayata kang murba lagu yaiku rebab, gender, bonang, suling, gambang; kang mangku lagu yaiku celempung, siter, lan balungan (slenthem lan saron); kang murba irama yaiku kendhang, bedhug, dhodhogan; lan kang mangku irama yaiku kempul, gong, kethuk, kenong, kempyang, kemanak, kecer. Dene arané pemain sing nabuh gamelan iku lumrah kasebut panayaga utawa nayaga/wiyaga, sing nembang arané pesindhèn utawa wira-swara/swarawati. Ing ngisor iki andharan singkat bab perangkat gamelan:yaiku Gamelan Sléndro lan Gamelan Pélog. Laras slendro beda karo pelog, ing slendro ora ana nada 4 (papat/pat) karo 7 (pitu/pi). Laras slendro nduwe 5 nada, yaiku 1 2 3 5 6 kanthi interval kang padha. Dene laras pelog iku nduwe  7 nada yaiku 1 2 3 4 5 6 7. Nadyan mangkono, gamelan pentatonis kuwi dhasare ana 5 nada (penta = 5, tone = nada).
Laras yaiku swara kang ajeg dhuwure, ora owah, kasebut uga nada, sistem nada/ tonal system. Laras Slendro (Sl.) ateges sistem nada kang manut cendhek-dhuwure lan interval saka gamelan slendro, semono uga laras pelog (Pl.). Titi laras yaiku notasi nada kang ditulis manut sistem nada laras lan pathete. Dene pathet (Pt.)yaiku ukuran endhek-dhuwuring laras, minangka wates wilayah nada. Pathet ing laras slendro iku antane, pathet Nem (6), pathet Sanga (9), lan pathet Manyura (Myr). Dene pathet ing laras pelog yaiku, pathet Lima (5), pathet Nem (6), lan pathet Barang (Br.). Kanggo gambaran bab pathet, iki grambyangane:
-          laras slendro: pathet Nem 6-2 (6---5--3--2), tangga nadhane (2-----= 3 5 6 ! @), pathet Sanga 2-5 (@-!-6-=+-5)tangga nadhane (t- y 1 2 3 5), pathet Manyura 3-6 (# @ ! 6), tangga nadhane (y 1 2 3 5 6).
-          laras pelog: pathet Lima tangga nadhane (t y 1 2 4 5), pathet Nem tangga     nadhane (2 3 5 6 ! @), lan pathet Barang tangga nadhane (y u 2 3 5 6).
            Instrumen Gamelan Jawa nduwé aturan-aturan kang pakem, antarané saben piranti nduwé fungsi dhéwé-dhéwé, kayata kang murba lagu yaiku rebab, gender, bonang, suling, gambang; kang mangku lagu yaiku celempung, siter, lan balungan (slenthem lan saron); kang murba irama yaiku kendhang, bedhug, dhodhogan; lan kang mangku irama yaiku kempul, gong, kethuk, kenong, kempyang, kemanak, kecer. Dene arané pemain sing nabuh gamelan iku lumrah kasebut panayaga utawa nayaga/wiyaga, sing nembang arané pesindhèn utawa wira-swara/swarawati. Ing ngisor iki andharan singkat bab perangkat gamelan:



BONANG

gb. 2:Bonang

Bonang iku salah sawijining perangkat  gamelan kang wujude arupa pencon. Bonang iku ditata dadi rong baris, saben sabaris gamelan slendro ana 5 pencon lan uga kang ana 6 pencon, dadi cacahe kabeh ana 10 utawa 12. Dene saben sabaris gamelan pelog ana 7 pencon lan cacahe kabeh ana 14. Wujude bonang iku ana 3, yaiku bonang panembung kang wujude paling gedhe, bonang barung kang wujude luwih cilik saka bonang panembung, lan bonang penerus minangka bonang kang cilik dhewe. Gedhe cilike wujud pencon bonang mau mratandhani asiling swara/karakter bonang siji lan sijine. Bonang kang asring kanggo mbukani gendhing yaiku bonang barung.





                                                                                         CELEMPUNG LAN SITER

                                                           Gb.3: Celempung
                                                                                                          gb.4: Siter




Celempung iku piranti gamelan kang cara nabuhe dipetik padha karo siter, cacah senare ana 11 lan 13 pasang. Celempung iki, bebarengan karo siter dadi piranti utama ing gamelan. Ing pagelaran gamelan, piranti iki kalebu kelompok penerusan lan nduwe tempo kang padha garo gambang yaiku tempo cepet. Ukuran celempung dawane kira-kira 90 cm, nduwe 4 penyangga. Dadi, dibanding siter, celempung iku kira-kira ping telu luwih dawa. Celempung disetel pasangan ing laras pelog lan slendro. Nada celempung iku saoktaf ing ngisore siter cendheke.

GAMBANG

Gb.5: Gambang
Wujud gambang iki meh padha saron ning luwih gedhe tur dawa lan wilahane digawe saka kayu. Jaman mbiyen ana gambang kang wilahane digawe saka tosan utawa logam, nanging saiki wis ora ana maneh. Ukuran wilah gambang udakara 29 cm nganti 58 cm. Wilah kang luwih gedhe iku swarane luwih rendah lan kabeh cacahe wilahan gambang ana 19 nganti 20 wilah. Dene tabuh gambang iku luwih dawa dibandhing tabuh liyane yaiku kira-kira 35 cm.



GENDER

Gb. 6: Gender 
Gender iku perangkat gamelan Jawa kang kasusun ing papan kaya ayunan lan ing ngisore ana tabung/silinder kang fungsine kanggo ngatur gema swarane. Tabung/silinder iku umume digawe saka pring lan wesi tipis. Gender iki wujude meh padha karo  Slenthem.





KEMPUL


Gb.7: Kempul
      Kempul iki biasane digantung kaya umume perangkat  gong. Kempul iki cacahe gumantung jinis pagelarane, dadi ora mesthi. Bentuke kaya gong nanging luwih cilik lan diameter umum kira-kira 45 cm. Kempul ngasilake swara kang luwih dhuwur tinimbang gong, kempul kang 
ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur maneh.





                                                                             GONG
  
Gong iku piranti gamelan Jawa kang ditabuh, digawé saka tosan, lan nduwé ukuran kang gedhé dhéwé. Piranti iki biasané dipapanaké ing mburi dhéwé, digantung ing gayor kang umum digawé saka kayu ukuran gedhé. Ana loro jinis gong yaiku: gong ageng lan gong suwuk. Wujudé bunder, permukaané rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah. Gong nduwé swara kang gedhé dhéwé lan nadhané paling cendhek tinimbang nadha piranti gamelan liyané. Gong ditabuh kanggo awèh tekanan ing bagéyan tinentu (umumé akhir) iringan musik gamelan Jawa, dadi arang banget ditabuh (ora terus-terusan) nanging ditabuh ing selang wektu tinentu. Prangkat musik tradhisional iki uga nduwé fungsi liya yaiki kanggo tandha paresmian utawa pambukaan acara.








Gb. 8: Gong Ageng

Gong ageng iku perangkat gamelan kang ditabuh lan kang paling gedhe diametere udakara 80 nganti 100 cm utawa sekitar 24 inci. Gong ageng lan gong suwuk iku biasane digantung ing bagian mburi. Wujud gong ageng padha karo gong umume yaiku bunder. Gong ageng iki nduwe nada paling rendah dibanding swara piranti gamelan liyane lan ditabuh kanggo tandha akhir gendhing kang umum diarani gongan.


Gb. 9: Gong Suwukan


Gong Suwukan utawa siyem iku perangkat  gamelan kang ditabuh lan nduwe ukuran sing paling gedhe sawise gong ageng kanthi diameter 50 nganti 60 cm. Gong suwuk iku biasane digantung ing bagian mburi bareng karo gong ageng. Wujud gong suwuk iki padha persis karo gong ageng nanging ukurane luwih cilik. Gong suwuk iki nduwe nada luwih dhuwur dibanding gong ageng. 


KENDHANG

Kendhang iku piranti gamelan kang ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji (dikebuk). Ing musik modhèrn, piranti iki digolongaké piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf Y. Wujudé mèh silindher, simetris, ing salah siji sisih rada gedhé tinimbang sisih lawané. Bagéyan sing luwih gedhé umumé disèlèhaké ing tengening panabuh. Kendhang iku ukurané luwih cilik tinimbang bedhug. Kendhang iku wujude ana kendhang ageng/gedhe/gendhing, kendhang ketipung, kendhang ciblon/batangan, lan kendhang sabet/kosek/wayang. Swara kendhang umume yaiku: dlang, dlong, dhah, dheng/nggen, thung, ket, tong lan tak. Jinising swara iku metu saka carane nabuh kang beda-beda.

Kendhang gendhing utawa kendhang ageng iku kendhang sing paling gedhe ukurane (kerep disebut kendhang gedhe) dibandhing kendhang liyane. Kendhang gendhing iki uga ngasilake swara kang cendhak dhewe tinimbang kendhang liyane. Ana sebutan kendhang satunggal yaiku kendhang ageng iki ditabuh dhewekan, lan kendhang kalih yaiku kendhang ageng ditabuh bareng karo kendhang ketipung (kendhang loro).



Gb. 10: Kendhang Ageng


Kendhang ketipung utawa biasa disebut ketipung iku kendhang kang cilik dhewe lan ngasilake swara paling dhuwur dibandhing kendhang liyane. Ketipung biasane ditabuh bareng karo kendhang ageng. Swara ketipung iki padha karo swara kendhang umume lan jinising swara iku metu saka carane nabuh kang beda-beda.


Gb. 11: Kendhang Ketipung

      Kendhang batangan utawa kendhang ciblon iku kendhang sing nduwe ukuran sedheng, luwih cilik sithik dibandhing kendhang ageng lan kendhang sabet. Swara kendhang iki luwih dhuwur dibandhing kendhang ageng. Kendhang iki uga umum disebut kendhang ciblon. Kendhang ciblon biasane ditabuh kanggo ngiringi tari/joged lan gendhing. Swara kendhang batangan padha karo swara kendhang umume lan jinising swara iku metu saka carane nabuh kang beda-beda.


Gb. 13: Kendhang Ciblon


    Kendhang wayangan utawa kendhang sabet/kosek iku kendhang sing nduwe ukuran               sedheng, luwih cilik sithik dibandhing kendhang ageng ning luwih gedhe sithik dibandhing     ciblon. Kendhang sabet ngasilake swara kang luwih dhuwur dibandhing kendhang ageng.         Kendhang iki biasane ditabuh kanggo ngiringi pagelaran wayang. Swara kendhang                 wayangan pada karo swara kendhang umume lan jinising swara iku metu saka carane nabuh kang beda-beda.

Gb. 14: Kendhang Sabet


KENONG






Gb. 14: Kenong

Kenong iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo bonang, kempyang, lan kethuk. Ing kelompok perangkat gamelan kang diayun iki, kenong nduwe ukuran sing paling gedhe.




KETHUK LAN KEMPYANG


Gb. 15: Kethuk






 Gb. 16: Kempyang




Kethuk lan kempyang iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo kenong lan bonang.  Rancakan kethuk-kempyang iku luwih cendhek dibandhing kenong.


REBAB



Gb. 17: Rebab

Rebab iku wujuding perangkat gamelan kang cara nabuhe dikosok (gesek). Rebab iku gunane kanggo murba lagu, gawe variasi lagu, lan uga kanggo mbukani gendhing.


SARON
Saron iku prangkat gamelan wujud wilahan logam kang kasusun sandhuwure rancakan kayu. Ana 3 jinis saron yaiku: Saron Demung, Saron Barung/Ricik, lan Saron Penerus/Peking).
Saron Demung iku jinis saron kang paling gedhe ukurane. Wilah saron demung iki paling gedhe ing kelompok saron (balungan) yaiku ukurane kira-kira 35,5 cm dawa lan lebar 9 cm. Ing kelompok saron/balungan, saron demung iku ngasilake swara paling cendhek.


Gb. 18: Saron Demung

Saron barung utawa saron Ricik iku prangkat gamelan jinis saron tengah-tengah yaiku antarane peking lan demung. Wilah saron barung iki luwih gedhe dibandhing saron penerus ning luwih cilik dibandhing saron demung. Wilah kang luwih dhuwur swarane, ukurane luwih cilik. Saron barung ngasilake swara luwih dhuwur saoktaf dibandhing saron demung.




Gb. 19: Saron Barung/Ricik

Saron panerus (Peking) iku jinis saron kang paling cilik. Wilah saron panerus iku luwih cilik tinimbang saron barung lan demung, nanging wilahané luwih kandel. Wilah kang luwih dhuwur swarané, ukurané luwih cilik. Wilah saron panerus kang paling cilik dawané watara 18 cm lan amba 4 cm. Saron panerus ngasilake swara luwih dhuwur saoktaf dibandhingaké karo saron barung.

Gb. 20: Saron Penerus/Peking



SLENTHEM 



Gb. 21: Slenthem
Slenthem iku kagolong gamelan wujud balungan kang ngasilake swara alus katimbang balungan liyane (saron). Wujud slenthem iki meh padha karo gender.




SULING





Gb. 22: Suling


Suling iku kalebu piranti musik kang disebul, fungsiné kanggo variasi melodi. Ing musik gamelan, suling iku kagawe saka bahan pring, dawané kira-kira setengah meter. Swara suling diasilaké saka rongga angin digeteraké liwat sebulan angin. Frekuensi gelombangé gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeteraké.




KEMANAK


Gb. 23: Kemanak
Kemanak yaiku perangkat gamelan kang wujude memper gedhang. Kemanak iku biasane  ditabuh kanggo ngiringi bedhayan.

KECER


Gb. 24: Kecer
Kecer yaiku perangkat gamelan ditangkubake ing pasangane. Kecer iku biasane ditabuh kanggo ngiringi lelagon dolanan ing pagelaran karawitan.







EmoticonEmoticon

SOAL AKSARA JAWA

Memuat...